NASKAH TEATER DOLANAN ANAK 2

Mini Drama Teater Dolanan Anak Tradisional (Crah Agawe Bubrah, Rukun Agawe Santosa)
Telah dipentaskan dan dilombakan pada acara Siraman Culture Festival (Acara desa Siraman, Wonosari, Gunungkidul) 27 November 2018 dan memenangkan juara 1

Naskah oleh: Syam Setiyo W

=PEMAIN=

Narrator: Ipah
Asisten narator: Isnan
Juno: Hafiza
Raja: Raka
Sifa: Tia
Pitri: Hilda
Mamak Pitri: Sukma
Penari: Arya, Alexa, Aurel, Chacha, Juli, Fitri, Syifa, Elsa

Total pemain 15


*Scene 1*
Narator lan asistene munggah panggung (asisten nggowo tulisan mini teater dolanan anak RW 05)

Narator: Assalamualaikum penontooon

Mlaku mlaku neng negoro jerman

Ojo lali sangu nanas

Sugeng ndalu wargo siraman

Nyuwun ijin nggih, kulo sakrencang ajeng pentas

Hehehe

Sawijining dino, Juno, Raja, Sifa lan Pitri bali seko sekolah, sakdurunge tekan omah, bocah bocah kui mau kangsen arep dolanan bareng..

Penasaran pripun lanjutane?

Monggo kito pirsani mawon wonten ing TKP hehhehe

(Narator+asisten mudhun panggung.. juno, raja, sifa lan pitri mlaku munggah panggung)


*Scene 2*

Raja: Cah.. mbangane nglangut, mengko bengi dolanan yoo, jarene ngko bengi padang mbulan lho...

Juno: Siyyap.. lha arep dolanan opo cah? Gek le arep dolanan nengendi?

Sifa: Cublak-cublak suweng wae ben gayeng..

Juno: jamuran wae cah ben gayeng

Pitri: aku usul jethungan cah

Raja: Yowes.. ben adil karo ora tukaran gara gara milih dolanan, apike kabeh dinggo wae.. mumpung padhang mbulan hehe

Pitri: Aku setuju! Ningo papane neng ngarep mbale wae yo. Biasane akeh uwong do mlumpuk dadine awake dhewe ora bakal wedi

Raja, Jun, Sifa: Oke siapp.. daaaa

( R,J,S,P mudhun panggung)

*Scene 3*

(3 anak berkostum kardus uwit, watu lan omah mbale munggah panggung +mapan)

(Disusul penari anak gerak dan lagu munggah panggung, +pegang dolanan tradisional (iso kitiran/pesawat kertas/terjun2an/kapal kertas/boneka, nyanyi mubeng+nganggo gerakan. Lagunya padhang bulan)

( penari gerak&lagu mudhun panggung)

*Scene 4*

(J,R,S,P munggah panggung, langsung dolanan)

JRSP: Cublak- cublak suweng, suwenge teng gelenter. Mambu ketundung gudhel pak empo lera lere sopo ngguyu ndhelikake sir sir pong dhele kopong sir sir pong dhele kopong (raja sing dadi, sifa le gowo watune)

Pitri: sopo sing ndelikke?

Raja: sifaa

Sifa: bener.. yaa aku kalah hehe

Juno: ayo gek jamuran


RSP: ayooo

Jamuran yo gegethok semprat semprit jamur opo?

Sifa: jamur kethek menek

JRS menek omah, uwit&watu

(Sing ora entok penekan pitri, pitri kalah)


Yaa aku kalah cah ora entuk penekane hahhaa

Dolanan jethungan yoo

Raja:.(mudhun seko uwit) Ayoo! Eh cah deloken too.. mbulane bunder tenan yo koyo tampahe mamakku..dadi padang hehe

Pitri: Ho'o.. kae yo akeh bakul karo masyarakat sing do ndelok bulane neng ngarep mbale yokan

Sifa: Alhamdulillah dadi eneng kancane yo cah

Juno: Ho'o.. eh ayooo langsung hompimpa wae nggo nentokke sopo le dadi, ndak selak wengi

Raja,Sifa,Pitri: Okee

Hompimpa alaihum gambreng (juno kalah)

Raja: Wah juno sing dadi

Sifa& Pitri: Horee asyikk

Juno: Walah kok aku to sing dadi huhuhu (nangis)

Sifa: Yaampun rapopo yo Jun, nek dolanan ki kadang menang kadang kalah. Saiki kowe kalah terus dadi..neng sopo ngerti mengko bar kowe terus raja sing dadi.

Pitri: Ho'o yo Jun.. ora popo.. jarene bu guru kae ki nek dolanan ora kudu menang terus kok, sing penting kebersamaane. Crah agawe bubrah, rukun agawe santoso! Nek awake dewe tukaran gara gara kalah, kekancane awake dewe iso bubrah, ningo nek menang kalah tetep dolanan, kekancanane awake dewe bakale awet santoso tekan sukk

Raja: Ho'o lho Jun, mbahku yo pernah ngandani aku ngonokui. Semangat yo! (Nepuk pundak juno)

Juno: (ngelap iluh) O..ngono to gaes.. youis aku rasido sedih lah
tak ngguyu wae hehhehe

Raja sifa pitri: Hahaha Juno Juno lucuuu.. bar setu minggu, bar nangis ngguyu 2x (karo keplok)

Juno: Wes wes..tak etung saiki yoo gek do ndeliko cah...

Raja sifa pitri: okeee

Juno: 1,2,3,4,5,6,7,8,9,10

(Raja Sifa lan Pitri ndelik neng mburi uwit, omah lan watu)

Juno: Hmm do nengendi yoo?

Ahha mesti neng mburi wit kae

*Juno ngindik neng mburi uwit*

Sifa jethung!

Sifa: Yaah kecekel.. dadi aku...

Juno: Ho'o kowe sing dadi mengko Fa! Sek yo, tak ngrampungke goleki raja karo pitri!


*Juno ngindik mburi omah*

Juno: Pitri..jethung

Pitri: Yaah aku yo kecekel

*ujug-ujug mamake pitri teko*

Mm Pitri: E nok.. gek ayo mulih sek, urung do nggarap PR lho..

Pitri: Nggih Mak...

Pitri: Ayo cah mulih bareng aku kari mamaku wae..

Juno, sifa: Ayooo (terus mlayu mulih)

Ending👇🏻

Raja: *njedul sko mburi watu* haloooo?? Waduh asem tenan kok wis ora eneng uwong?

Raja: Mbah rencang kulo wau do ten pundi nggih (takon penonton)


Penonton pasti jawab: wis mulih

Raja: waduh nuwun nggih mbah...

(akhire raja yo melu mlayu mulih karo clingukan)

Nb: ada tambahan dan revisi beberapa part sebelum dipentaskan

*THE END*

(Penonton tepuk tangan)

Special thanks to Karangtaruna Satya Panca Muda terutama Mbak Nunung, Mbak Tutik, Mas Widodo, Mas Wahyu, Dek Dian, and my best friend Mbak Eka

Komentar

Postingan Populer