NASKAH TEATER DOLANAN ANAK 3
TEATER DOLANAN ANAK "NGLUMPUK LAN MADEG" mewakili DESA SIRAMAN di lomba tingkat kecamatan 18 Agustus 2019 (sayangnya tidak dapat juara :D )
Naskah oleh Syam Setiyo W
*Pemain 11 orang* jika ada perubahan bisa diatur, yg penting max 15 orang
Narator: Ayuk
Bejo: Isnan
Ibu Bejo: Aurellie
Sule: Raka
Gendhis: Tia
Sinta: Hilda
5 penari jaranan: Elsa, Arya, Fitri, Hafiza, Sukma
*Scene 1*
TV, meja, piring gelas blek, amben, kloso, tepas (kalau ada tepas sate biar greget)
Bejo turu nggleseh trus lungguh ndelok tipi neng kamare banjur kui ibune mlebu karo tepasan
Ibu: Bejoooo, anake ibu sing bagus dewe. Saben dino kok gaweane gur glundang- glundung ndelok tipi... Mbok pisan2 dolanan awor kancane kae leee (pakai nada seperti nyanyi sinden nepuk 2 pundake bejo lalu pindah agak kedepan ngomongnya menghadap ke penonton)
Bejo (malik awak ngematke penonton, tapi masih posisi duduk) : Memeng buk. Pilih ndelok tipi mawon
Ibu: Ibu ki oleh nek kowe ndelok tv, neng yo elingo, nek umum konco kui ora kalah apike yo le cah bagusss (balik ke belakang ngelus sirahe bejo lalu pindah lagi kedepan utk baca dialognya)
Bejo ngadek nyeraki ibune neng ngarep panggung: Nopo to bu apike? Tek penasaran kulo
Ibu: Kasih tau nggak yha... yo akeh to le.. iso nambah konco, nambah wawasan, atine bungah meneh.. Njajalo to pisan pisan dolanan karo koncomu le (gerakan menepuk pundak bejo dan menjelaskan manfaat dolanan dg berbagai gaya)
Bejo: Oh iya yak.. Hmm..Tapi kapan-kapan mawon buk. Kulo ajeng bobok awan riyin hoaaamm NGANTUK (bejo menuju dipan lalu ngglethek)
Ibu: E.. sakkarepmu le. Sing penting ibu wis ngandani amrih apike. Yowis ibu arep ngarit ndisik yo. Wedhuse wis gembrat gembret kit mau.
Bejo: Nggih bu, daa (nada memeng dan tanpa menengok ke ibunya)
(Lalu ibu turun dari panggung)
(Bejo pun ngorok nggar nggor)
*Scene 2*
Narator muncul di balik layar (hanya berupa bayangannya saja)
Narator: " Ceritane.. Ono bocah. Gaweane ndelik neng omah. Ra gelem awor kancane. Ra gelem srawung liyane..." (pakai nada mirip wayang ramayana)
Tanpa nada: "Urip iku kudu imbang. Ono wancine dhewe lan ono wancine srawung NGLUMPUK LAN MADEG bareng konco. Amargo manungso kui ora biso urip dhewe neng ndonyo iki. HOHOHAHAHAHA" (tertawa menggelegar sambil bayangannya menghilang dr layar) lalu digantikan kata2 yg muncul "NGLUMPUK LAN MADEG" . Tulisan dihilangkan perlahan setelah penari topeng masuk panggung
(Backsong dong deng dong deng dong deng dong)
(5 anak bertopeng masing2 membawa jaran jaranan dan cethen dari pelepah pisang kertas naik ke atas panggung dan melakukan tarian jaranan lalu mendekati bejo dan bernyanyi "Tangi tangi ayo dho dolanan treng teng teng teng teng treng teng teng teng teng" 2x (nada numpak rx king)
Bejo terbangun kaget .. para penari lalu turun panggung meninggalkan Bejo yang masih kebingungan. Clingak clinguk, kucek2 mata dan garuk2 kepala..
*Scene 3*
3 anak naik panggung lalu mendekati Bejo
Sule (bawa tenggok berisi properti), Gendhis dan Sinta: "Bejo..main yuk"
Bejo: "So.. sopo kowe? kok iso ngerti jenengku?"
Sule: Aku Sule. Tapi udu sule prikitiew lho hehe
Gendhis: Aku Gendhis (kemayu dg nada dan gerakan keep smile)
Sinta: Aku Sinta (dadah dadah ke penonton) Ayo dolanan bareng. Akeh dolanan sing urung tok ngerteni lho
Bejo: Mosok? Yowis.. salam kenal... aku gelem dolanan lah, tapi warai yo. Dolanan opo?
Sule: Dolanan jamuran wae...
Bejo gendhis sinta: Wokeee
Hompimpa alaihum gambreng
Sule: wah aku sing dadi
Gendhis: Youwis gek dadio (ngomong ke sule).. awake dewe nyanyi jamuran gek ngubengi sule yo cah (ngomong ke bejo dan sinta)
Sinta: Yo
Bejo: oke sippp ngerti aku.
Sinta bejo gendhis: Jamuran yo gegethok semprat semprit jamur opo?
Sule: Jamur patung!
Pokoke ora oleh ngguyu karo obah lho pas tak ganggu.. nek ngguyu ketok untune karo obah berarti dadi, setuju penonton? (bicara agak kedepan utk melakukan interaksi dg penonton)
Sule: (ngganggu gendhis) "Ucukiwir ucukiwir tak kintang kintang kintung 2x (sambil joget2)" tapi gendhis berhasil menahan tawa
Sule: ngilikithik bejo tapi bejo ora ngguyu
Sule: Duh.. atek angel timen yo cah gur kon dho ngguyu we
Sule: Nah iki cobo.. (ngganggu Sinta) cilup badala pasang muka jelek, mata juling, Melet melet (Sinta pun ngguyu ngakak )
Sule: Hahaha.. Sinta dadi... sinta dadi coah
Sinta: hahhaha.. Iyo neh lha lucu tenan gek hahaha
Bejo dan Gendhis: Hahaha
Sule: Yowis gek dadio Sin (lalu sinta jongkok di tengah)
Sule, Bejo, Gendhis: Jamuran yo gegethok semprat semprit jamur opo?
Sinta: Jamur kethek imut.. sing ra imut dadi!
Gendhis garuk kepala dan berjalan memutar
Bejo (mlayu njupuk gedhang neng tenggok) terus dipangan karo ndhodok
Sule metani sirahe bejo yg sedang makan pisang lalu pura pura nyithesi tumo
Sinta: (berjalan ngecek gaya temannya satu per satu) Weh lha kok dho persis kethek kabeh WADIDAWW. Ganti dolanan wae yok!
Gendhis: (masih dg gaya monyet garuk2 kepala) lha rep dolanan opo nguk nguk nguk
Sinta: Weduh kebablasen.
Gendhis: Weiyo hihihi terlalu menghayati
Sinta: Dolanan Kucing2an wae. Carane, sing kalah wo dowo dadi tikus. Liyane dadi kucing sing njogo..pokoke pie carane ben tikuse ora iso metu njupuk kerupuk sing cemantel neng wit kae oke?
Bejo: Waow menarik! Oke aku gelem lah :)
Sinta: Yo.. gek ayo cah..
Sule: Ayo ayo wo dowo. sing tangane dowo dadi yoo
Semua pemain: Wo dowo sopo dadi
Gendhis: Wah Bejo sing dadi tikus haha. Ayo cah gandengan mubeng
Sule: Ayo, eh sek jo, nganggoo topeng tikus iki ben luwih menghayati hehe (karo nganggokke topeng neng bejo)
Bejo: Wadidaww
Gendhis: 1.. 2..3..
Sinta: Eh. Ayo ayo (lalu sinta sule dan gendhis merentangkan tangan)
Sule: ayo
Gendhis: ayo
Bejo pun mencoba menerobos para kucing utk mengambil kerupuk yg nyantol di uwit. Awalnya kesulitan tapi akhirnya bejo berhasil meberobos beteng para kucing dan mengambil kerupuk itu
Horee aku menang.. horeee (ekspresi kegirangan)
...
Bejo: Lho lho... lho... kok awakku ketarik (badan bejo ketarik ke ambennya).. weh.. do arep nengendi? Aku isih pengen dolanaaan
Sinta bejo dan gendhis (nada cempreng): Dadah bejo... ojo lali MADEG LAN NGLUMPUK karo konco2mu yoo!
Tiba tiba sule gendhis dan shinta tertarik ke belakang panggung (backsong angin kencang)
Bejo kembali ke posisi tidurnya lalu dia ngglundung dari amben gubrakk..
Bejo: (posisi tengkurep) Hah? Ternyata mau kae gur ngimpi?
Ibu pun kaget lalu masuk ke kamar bejo
Ibu: Gostialah suoro opo kae. Bejo.. bejo. Eneng opo lee sambil menghampiri bejo
Ibu: Gostialah lhatek iso tibo to lee ono wong gur turu we
Bejo: Aduh.. sakit bu.. mlenthung segede some paling niki sikut kulo (karo nyekel sikut)
Ibu: Wes..wes.. ayo tak plengeti lebu wae neng pawon ben sikutmu ora sido mlenthung. (Sambil nangekke bejo dan gandeng bejo turun panggung)
Bejo: Nggih bu.. lalu ikut ibu turun panggung
Setelah itu backsong penutup diputar dan semua pemain naik ke atas panggung utk melakukan penghormatan kpd penonton *selesai*
NB: Ada tambahan dan revisi beberapa part sebelum dipentaskan
Special Thanks to Karangtaruna Satya Panca Muda terutama Mbak Nunung, Mbak Tutik, Mas Widodo, Mas Wahyu, Dek Dian, Mas Totok

Komentar
Posting Komentar